ngoko lugu yaiku

ngoko lugu yaiku

jawaban

Apa sing mbok ngerteni marang Ngoko Lugu, Ngoko Alus, Krama Lugu, lan Krama Alus?

  • Ngoko lugu, yaiku bahasa ingkang panggunaane mboten wonten kecampuran bahasa krama.
  • Ngoko Alus, yaiku bahasa ngoko ingkang panggunaane kecampuran bahasa krama.
  • Krama Lugu, yaiku  kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
  • Krama Alus, yaiku kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.

 

Apa gunane bahasa krama ing padinan?

  • Arti pertanyaan diatas adalah, apa kegunaan bahasa krama dalam sehari-hari?. Gunane bahasa krama ing padinan yaiku kangge nunjukake rasa hormat kalih wong ingkang luwih tuwo utawi ingkang sing dikurmati.

 

Gawea ukara ngangga bahasa Ngoko lugu, Ngoko Alus, Krama lugu (Krama Madya), lan Krama Alus (Krama Inggil)!

Conto 1 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Kamu tadi apa sudah makan?
  • Ngoko Lugu  = Kowe mau apa wis mangan?
  • Ngoko Alus  = Sampeyan mau apa wis dahar?
  • Krama Lugu  = Sampeyan wau punapa sampun nedha?
  • Krama Alus  = Panjenengan wau punapa sampun dahar?

 

Conto 2 (Pitakon) (Conto anggo lunga)

  • Bahasa Indonesia = Apakah kamu jadi pergi ke Solo?
  • Ngoko Lugu  = Kowe opo sido lunga menyang Solo?
  • Ngoko Alus  = Kowe apa dadi lunga menyang Solo?
  • Krama Lugu  = Sampeyan napa dadi kesah menyang Solo?
  • Krama Alus  = Panjenengan punapa dados tindak dhateng Solo?

 

Conto 3 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Kamu tadi sampai sini naik apa?
  • Ngoko Lugu  = Kowe mau teka kene numpak apa?
  • Ngoko Alus  = Kowe mau dhateng kene nunggang apa?
  • Krama Lugu  = Sampeyan wau dhateng mriki numpak napa?
  • Krama Alus  = Panjenengan wau rawuh mriki nitih napa?
Baca juga  yang bukan termasuk ciri produksi massal adalah

 

Conto 4 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Apakah kamu mau bantu jaga malam?
  • Ngoko Lugu  = Kowe opo gelem ngrewangi njaga bengi?
  • Ngoko Alus  = Apa kowe purun ngrewangi jaga wengi?
  • Krama Lugu  = Napa sampeyan purun ngrencangi jagi wengi?
  • Krama Alus  = Punapa panjenengan kersa ngabdeni reksa dalu?

 

Conto 5 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Apakah kamu jadi dibelikan sepeda baru?
  • Ngoko Lugu  = Kowe opo sido ditukokake sepedha anyar?
  • Ngoko Alus  = Apa kowe dadi ditumbasake pit anyar?
  • Krama Lugu  = Napa sampeyan dadi ditumbasake pit anyar?
  • Krama Alus  = Punapa panjengan dados dipundhutaken pit enggal?

 

Conto 6 (Conto anggo kata turu)

  • Bahasa Indonesia = Tidak perlu pulang, tidur disini saja.
  • Ngoko Lugu  = Ora usah mulih, turu kene wae.
  • Ngoko Alus  = Rasah bali, turu mriki wae.
  • Krama Lugu  = Ampun wangsul, tilem mriki mawon.
  • Krama Alus  = Ampun kondur, sare mriki  mawon.

 

Conto 7 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Kamu tadi malam tidur jam berapa?
  • Ngoko Lugu  = Kowe mau bengi turu jam piro?
  • Ngoko Alus  = Kowe mau bengi turu jam pinten?
  • Krama Lugu  = Sampeyan mau dalu tilem jam pinten?
  • Krama Alus  = Panjenengan wau dalu sare jam pinten?

 

Conto 8

  • Bahasa Indonesia = Bu, aku mau berangkat sekolah.
  • Ngoko Lugu  = Bu, aku arep mangkat sekolah.
  • Ngoko Alus  = Biyung, Aku ajeng budhal sekolah.
  • Krama Lugu  = Ibu, Kula ajeng bidhal sekolah.
  • Krama Alus  = Ibu, Dalem kersa bidhal sekolah.
Baca juga  Tembung panyandra yaiku?

 

Conto 9

  • Bahasa Indonesia = Bapak membelikan adik BMW baru tadi pagi di pasar.
  • Ngoko Lugu  = Bapak nukokake adik BMW anyar mau isuk ing pasar.
  • Ngoko Alus  = Bapak nukokake  adhi BMW anyar mau esuk ing peken.
  • Krama Lugu  = Rama numbasake adhi BMW enggal wau enjing ing peken.
  • Krama Alus  = Rama mundhutake rayi BMW enggal wau enjing ing peken.

 

Conto 10

  • Bahasa Indonesia = Ibu Sri tidak mengajar, karena sakit.
  • Ngoko Lugu  = Bu Sri ora mulang, amarga lara.
  • Ngoko Alus  = Ibu Sri boten mulang, amarga lara.
  • Krama Lugu  = Ibu Sri boten mucal, amargi sakit.
  • Krama Alus  = Ibu Sri boten mucal, amargi gerah.

 

Conto 11 (Conto anggo Adus)

  • Bahasa Indonesia = Kamu mandi pakai sabun apa? aromanya harum.
  • Ngoko Lugu  = Kowe adus nganggo sabun apa? Ambune wangi.
  • Ngoko Alus  = Sampeyan adus nggunakake sabun apa? Ambune wangi.
  • Krama Lugu  = Sampeyan adus ngginakaken napa? Ambete wangi.
  • Krama Alus  = Panjenengan siram ngginakaken punapa? Gandane wangi.